A. Wusana Adat Jawi Estri
1)
Kebaya
Kebaya
asalipun saking tembung basa Arab inggih menika “Abaya” ingkang artinipun
klamben. Kebaya ing jaman menika namung ngginakaken bahan tenunan ingkang
bahanipun sutra lan sulaman werna- werni. Ngginakaken kebaya ndadosaken para ingkang
anggun lan nggadahi kepribadian ingkang sae. Kebaya ndadosaken para estri kedhah
saged madhakne lan njagi badanipun piyambak.
2)
Ungkel utawa sanggul
Ungkel
utawa sanggul inggih menika rambut palsu ugi rambut asli kang didamel bentuk
oval lan ditempel wonten ing wingking utawa wonten ing mustaka.. Panggonanipun
wonten ing sebelah nduwur utawa pucuk sirah.
3)
Setagen
Setagen
yaiku kain tenunan dhawanipun 4x12 kangge ngiket kain bathik. fungsinipun sami
kaliyan sabuk. Amargi saking bentukipun sing dawa wonten nilai- nilai filosofinipun
ingkang luhur, supados sabar (dadi manungsa ingkang sabar) utawa dowo ususe.
5)
Jarik
Jarik
utawi sinjang yaiku kain ingkang diginakaken kangge nutupi awak . jarik nggadahi
makna aja gampang serik, yen ngadepi masalah kedhah ngatos-atos ampun kesusu.
6)
Cunduk Jungkat
7)
Cunduk Mentul
Cunduk
Mentul yaiku aksesori kang manggone ngadeg wonten ing mustaka. Cunduk mentul biasanipun
kasusun saka 5 nganti 9 bunderan cilik.Cunduk mentul biasane dipasang madhep
mburi. Yaiku kanggo simbol yen wanita kuwi kudu ayu kadi ngarep uga mburi.
8)
Selop
Sandhal
Selop yaiku sandal kang digawe saka bahan kulit kéwan, ingkang diolah lan
wujude nutupi bagian driji, geger sikil lan bageyan tungkak kebukak. Selop
nduweni arti yaiku nyembah marang Gusti Allah, supaya saka lair nganthi bathin.
Ing njero ati mung sumeleh.
B. Wusana Adat Jawa Jaler
Saklajengipun
inggih menika wusana adat jawa jaler, benten kaliyan wusana adat jawa estri.
Amargi jinisipun benten uga fungsinipun benten-benten setunggal kaliyan
setunggalipun.
1. Udheng
Udheng
basa ngokonipun, dene basa kramanipun dhestar dipunagem kangge nutupi sirah.
Filosofinipun Udheng inggih menika supados menungsa iku sayogyane nduweni
pikiran kang kenceng, ora gampang goyah, mung amarga situasi utawa kahanan kang
ora ndukung.
2. Kulambi utawi rasukan
Kados sampun ka-aturaken ing
ngajeng, nilih busana Jawi ing Karaton Surakarta Hadiningrat punika Iyasanipun
ISKS Paku Buwana III, kawit saking kedadosan wontenipun perjanjen Giyanti Ing
warsa 1755 Masehi.
3.
Stagen
Setagen
punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang
wonten badan, supados sampun ngantos mlorod temahan udhar. Setagen
kadamel saking kain tenun kandel, benangipun tenun agal, mila radi kaken. Filosofipun
Setagen inggih menika Nata badan supados tegap lan santun angginipun
unggah-ungguh.
4. Sabuk
Sabuk
punika ageman ingkang dipun anggem nutupi setagen. Dados manawi sinjang
sampun dipun singseti, lajeng dipun sinseti malih mawi sabuk, supados setagen
mboten ketingal. Dados kadosdene pasren Filosofipun Sabuk inggih menika
kedhah saged tekun makarya supados saged menuhi kabutuhan gesangipun. Mila
tiyang kedhah ubed supdaos mboten kerja tanpa asil.
5. Epek timang lan lerep
Ingkang
dipun wastani Epek menika awujud setut ingkang kadamel saking bakalan kain
bludru, wiyaripun watawis 5 CM, dene panjangipun watawis 120 – 150 CM.
Bongkotipun epek dipun pasangi “Timang” utawi Gesper ingkang dipun angge
nyandhet ubetipun epek, sarta “Lerep” ingkang kangge nlesepaken tirahaning epek
supados mboten kumlewer. Filososfinipun Epek lan Timang inggih menika Epek:
Supados saged kerja kanthi sae nggadahi ilmu ingkang manfaat. Timang: Ilmu kang
dientukake kudu dipahami kanthi jelas lan ora ana rasa samang.
6. Sinjang utawi nyamping
Sinjang
basanipun ngoko Jarik utawi Jarit, kramanipun inggil “Nyamping’. Inggih
punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-ubedaken ing badan nutupi
jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing nginggil polok. Filosofinipun
Sinjang inggih menika supados tiyang boten gampang serik marang tiyang sanes. Ingkang
wonten perkara dirampungaken kanthi cara sae lan boten grusa-grusu.
7. Dhuwung
utawi wangkingan
Dhuwung,
basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap
tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung amarji sak
donya mboten wonten tandhingipun. Filosofinipun Dhuwungyaiku anggone nyembah
Tuhan, manungsa kudu bisa ngungkurake godhaning setan kang ngganggu manungsa
nalika arep nindakake kabecikan.
8. Canela
canela
yaiku selop utawa sandal kang nduweni arti canthelna jroning nala.
Filosofinipun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar